Ceriwis  

Go Back   Ceriwis > DISKUSI > Lounge > Jokes

Jokes Segala hal yang lucu dan kocak bisa kamu baca ataupun share disini.

Reply
 
Thread Tools
  #1  
Old 12th April 2016
Brentetans's Avatar
Brentetans Brentetans is offline
Ceriwiser
 
Join Date: Apr 2016
Posts: 382
Rep Power: 10
Brentetans mempunyai hidup yang Normal
Default cerita jawa horor lucu

ING NING MBURIKU SAPA?????



Pengalamanku iki kedadeyane nalika wayah pasa taun wingi.Wektu iku nalika wayah-wayah pasa wes ameh bar utawa meh cedhak saka Dina Riyaya Idul Fitri. Esuk-esuk aku wes diajag kancaku mlaku-mlaku muter-muter Pati nganggo sepeda motor amarga dina iku wes prei. Aku sing ora ana penggawean ning omah, ya gelem-gelem bae diajag. Nanging sakwise muter-muter Pati kancaku ngajak menyang Kudus. Nalika wes tekan Kudus, kancaku banjur blanja-blanja ning mal kanggo Bada. Ora krasa wektu wes tekan wayah sholat dhuhur. Aku karo kancaku banjur sholat ning Masjid cedak Simpang sing ning Kudus. Anehe pas mlebu panggonan wudhu, krasane sepi banget ora ana sing wudhu sakliyane aku. Padahal ya akih wong sing turu ning ngarep masjid. Sakwise wudhu aku mlebu Masjid, ya tetep ora ana wong sing sholat, anane wong siji loro kang lagi wiridan,iku bae ning ngarep pol. Wektu iku, aku ning panggonan tengah.Kancaku wedok ana ing panggonan wong wedok sing diwatesi papan saka panggonan lanang. Nalika wes meh bar nganggo sarung sing tak sileh saka lemari Masjid,ujug-ujug ana wong tuwa 6-8 sing ngadeg ning mburiku. Aku banjur kaget temenan amarga ning panggonan wudhu ora ana wong. Masak cepete ngono whudune. Sing gawe tambah kaget meneh, pakaian wong-wong tuwa mau apik banget. Ana sing nganggo jubah putih kalungan tasbih seng gedhe, ana sing jenggote dhawa banget, ana sing nganggo sorban, lan nana sing nganggo hem rapi banget. Banjur iku aku dadi bingung banget. Amarga aku ning ngarep dhewe lan wong-wong mau ning mburiku. Waduh, adhate aku dikon dadi Imam iki. Padahal ya wes tak mangga-manggakno, ben sawijining wong tuwa mau maju dadi Imam, tapi ora ana sing maju. Aku banjur ndredeg banget wektu iku, amarga aku krasa ora pantes banget dadi Imam. Pekarane aku jeh cilik, ya mung nganggo sarung sing jebule gegedhen mau bae ijek ora apik, tambah ora nganggo kupluk, tambah meneh mung nganggo kaos oblong. Beda banget karo wong-wong tuwa seng ning mburiku kang sangar. Ya wes, aku banjur ngimami sholat dhuhur iku. Aku ndredeg banget nalika pas aku Takbillatul Ikhram utawa pas aku muni Allahu Akbar, sing ning mburiku nirukake muni Allahu Akbar nganggo swara kang bener-bener ngresep ning ati. Sakwise iku, saben gerakan sholat sing tak lakoni aku krasa gemeter dhewe. Banjur bar sholat, aku kaget meneh amarga jebulan ning mburiku tambah dadi wong akih. Ana sekitar 20 wong. Sakwise iku aku donga-donga sediluk banjur balik metuki kancaku sing wes ngenteni kaet mau. Jebulan ora krasa, aku sholat mau suwine ora karuan. Aku jek ora percaya kedadeyan mau. Ning perjalanan muleh, aku cerita ning kancaku kedadeyan mau, nanging kancaku ora percaya.</div></div></div>
Multi Quote Quote

Reply With Quote
Reply


Posting Rules
You may not post new threads
You may not post replies
You may not post attachments
You may not edit your posts

BB code is On
Smilies are On
[IMG] code is On
HTML code is Off


 


All times are GMT +7. The time now is 11:50 AM.


no new posts