Boy ambek Angga lungguh kathuken nang pinggir api unggun sing wis mati. Moro-moro krungu sworo tekok tenda lanang.
�Ealah, Sim� mau sore digolekno wedok nang mBatu, jarene emoh�tibake nggolek wedok dewe nang tendane arek wedok. Ha..ha..ha��
�Cuk�iku swarane Soni, nyemoni awake dewe, Ngga!� Boy mecucu ae. Tapi Angga gak nyauri. Kit mau meneng ae.
Moro-moro onok sworo senior nyentak-nyentak, �Ayo, metu! Kon iki mokong yo�Wani-wanine ngombe nang njero tenda. Metu!�
Senior iku ngamuk ambek nyengkeweng klambine Kosim ambek Soni. Arek-arek metu kabeh kaget.
�Kita gak mabuk kok Mas, Cuma minum dikit buat anget-angetan,� Kosim alasan.
�Iya, Mas�saya lho gak ikutan minum,� jare Soni.
�Cangkemmu lo mambu alkohol! Sik mungkir ae!�
Mas Bayu cumak gedheg-gedheg thok ndelok kelakuane arek-arek iki. Mendem nang njero tenda, cuk. �Kalian berdua bergabung sama yang dua itu. Kalian tidur disana sampe pagi!�
�Anak-anak jaman sekarang itu ya�,� Mbak Pat manas-manasi, �Mana minumannya, sini, biar saya saja yang simpan,� jarene.
�Cuk, asline sing mendem paling yo Mbak Pat karo arek-arek senior,� batine Boy, �Titenono koen yo, kejahatan harus dibalas dengan kejahatan yang lebih sempurna!�
�Opo�o Boy?� takok Angga.
�Gak�gak po-po�� jare Boy ambek ngrogoh sak celonone,�Oh�sik onok barange��
Tambah bengi howone Coban Rondo tambah uadhem. Arek papat iku dempet-dempetan ngilangi adhem koyok wong keroken. Melase, cak�Koyok wong mbambung gak nduwe omah ae, turu keleleran nang lapangan.
Moro-moro onok arek wedok loro nekani kono.
�Lho, Prita, ngapain kamu?� takok Boy.
�Ssssstt�ini aku ama Anya bawain selimut buat kalian. Tapi cuman dua. Dibuat berempat ya�� jare Prita.
�Kalian nggak pake selimut?� takok Boy.
�Aku sama cewek-cewek lain nyampur jadi satu selimutnya. Udah, ya..., ayo semuanya��
�Wenake rek�nyampur jadi satu karo cewek-cewek lain, melok po�o� jare Soni.
�Wis, cuk, ojok nyocot ae, iki lo, koen selimut siji ambek Kosim. Aku tak kelon karo Angga,� jare Boy.
�Cuk�gak sido kelon ambek cewek, tambah ngeloni wedhus iki�Ayo sayang, kene tak keloni,� jare Soni ambek ngrangkul Kosim. Kabeh ngguyu cekikikan, wedi krungu senior.
Isuk wis teko, srengengene wis mlethek.
�Ayo, tangi-tangi!� Boy digugah senior, �Lho, kok onok slimute? Oh, mokong arek-arek iki!�
Boy angop ambek mullet,�Wuuaahh�wis isuk rek, weteng luwe pisan.� Jarene.
�Ayo-ayo semua bangun! Persiapan untuk olahraga dan sarapan pagi!� Mas Bayu bengok-bengok liwat megaphone.
Soni, Kosim, ambek Angga mlebu nang tenda.
�Boy nang endi Son?� takok Angga.
�Emboh, ngising paling��jawab Soni sak kecekele.
Boy mlayu-mlayu nemoni Prita ambek nggowo bungkusan.
�Ada apa, Boy? Kok gitu wajahmu,� jare Prita.
�Enggak�nih, aku bawain jatah sarapan pagi kamu sama Anya. Ada dua bungkus, tapi sembunyiin dulu, jangan sampe ketauan senior. Entar aku dihukum lagi!�
�Iya�iya�makasih ya Boy!�
Boy mlebu nang tenda lanang ambek ngos-ngosan.
�Ngising nang endi, koen?� takok Soni.
�Ngising mattamu, yo! Iki lho njupukno jatah sarapanmu!�
�Wah, koen iki ancene konco paling uapik kok, Boy!� jare Soni ambek njupuk sego bungkusane.
�Gathel! Nek onok butuhe ae aku mokelem-elem! Tapi mangane engkok ae bareng liane, rek,� jare Boy.
�Arappa?� takok Kosim.
�Wis, ta, ojok nyocot ae!�
***
Jam wolu pas, acara sarapan dimulai. Kabeh oleh jatah sego bungkusan. Pas mari mangan moro-moro akeh sing wetenge loro, embuh kenek opo.
�Mas, perutku sakit�,�jare arek-arek.
�Iya, mas, jadi kebelet be�ol nih,� jare liane.
�Iya, ada apa dengan makanannya nih, perutku juga mules,� jare Mas Bayu.
�Makanannya mungkin, Mas. Mungkin masaknya kurang higienis,� jare Boy, �Sopo sih sing masak?�
�Mbak Pat,� jare arek-arek.
�Mbak Pat disuruh masak�Emangnya dia tau expired date itu apa, higienis itu apa�Nggak nyalahin Mas, kalo sekarang banyak anak-anak yang rebutan ke toilet,� jare Boy.
�Ya ampuun, sumpah, aku juga gak ngerti kenapa jadi begini,� Mbak Pat setengah nangis ndelok akeh arek sing kecirit-cirit.
�Mangkane ta, Mbak Pat nek mari ogok-ogok upil iku tangane diwisuhi�ojok langsung digawe masak,� nasehat Boy.
�Iyo�nek mari garuk-garuk daerah sensitif iku tangane dicuci bersih dulu�� tambah Soni.
�Iyo�nek masak ojok dicampuri minuman keras!� jare Kosim sing sik loro ati bir iteme ditenggak Mbak Pat.
Mbak Pat nangis karo mancal-mancal. De�e stress bengok-bengok.
�Gak usah nangis�tambah elek,� Boy cekikikan karo Soni.
�Iyo, tambah mirip karo bedhes Coban Rondo!�
Boy ngajak Angga marani Prita ambek Anya. Soni wis ucul dewe karo Kosim nggolek nggon gae mendem.
�Prit, daripada disini ngeliat orang-orang sibuk rebutan toilet, kita pergi ke air terjun yuk?� ajak Boy.
�Iya, ayo Anya, aku juga bingung kok tiba-tiba banyak orang sakit perut ya,� jare Prita. �Tempatnya jauh nggak Boy?�
�Enggak, kok�jalan kaki paling sepuluh menit,� jare Boy.
Arek papat iku mlaku mudhun nang air terjun Coban Rondo. Selama perjalanan wis nemoni wong papat sing bingung golek nggon ngising nang semak-semak.
�Ngapain mas jongkok di situ?� takok Boy.
�Eh�lagi nyariin hape�tadi jatuh di sini,� jare mas senior.
�Nyariin hape kok cuma jongkok di situ, mana bisa ketemu!�
Boy, Angga, Prita, karo Anya mlaku terus nang air terjun.
�Itu, Boy, air terjunnya kelihatan!� bengok Prita.
�Ayo kita dulu-duluan ke sana, yang kalah gendong ya!� jare Boy ambek mlayu.
�Boy�kamu curang!� Prita melok mlayu pisan nguber Boy.
Garek Angga ambek Anya thok mlaku kalem-kalem nang mburi.
�Koyoke arek loro iku cocok nek pacaran, yo Nya?� takok Angga.
�Hus! Prita lo wis duwe pacar. Pacare polisi, lo Ngga!� jare Anya.
�Iyo, ta? Tak pikir Prita iku sik durung duwe pacar, tibake pacare polisi,� Jare Angga. �Nek koen Nya, wis duwe?�
Anya meneng ae. Trus ndhase gedheg-gedheg.
�Nek Boy�wis duwe pacar durung, Ngga?� takok Anya.
�Durung nduwe�Emboh Boy iku, padahal raine lak ngganteng, mesti akeh cewek-cewek sing seneng karo de�e. Gak koyok aku,� jare Angga setengah putus asa. (Janciik�Boy ae diwara ngganteng, nek jare mirip Christian Sugiono iku lak jarene de�e dewe. Asline lo luwih mirip Chris John.)
�Opo�o koen?� takok Anya.
�Raiku lo gak masuk itungan blas,� jare Angga.
�Jare sopo�koen lo Ngga luwih dhukur timbang Boy, luwih atletis, gak kakean model, rupamu yo mirip Afgan��
�Koco motone thok!� saut Angga.
�Nggak, maksudku�kan gak setiap cewek suka type cowok yang sama, Ngga,� jelas Anya.
�Lha nek dikongkon milih aku opo Boy, koen seneng sopo?� takok Angga.
Anya langsung mandheg. Kaget ditakoki Angga koyok ngono.
�Koen luwih seneng Boy, kan?� takok Angga.
�Enggak�Boy lo kelakuanae koyok wong gendeng� sunggoko jare aku, yo mendingan koen,� jare Anya.
�Maksudmu koen seneng karo aku?� takok Angga.
�Gak ngono, maksude nek dikongkon milih, aku ancen milih koen, tapi gak berarti aku gelem��
�Gak perlu dijawab saiki, kok, Nya,� jare Angga ambek mencolot njabut kembang nang pinggir kali.
�Gak popo kembang iki takdeleh nang rambutmu?� takok Angga.
Anya mesem thok karo manthuk.
�Hayo�pacaran yo!� getak Boy karo Prita tekok mburi. Klambine arek loro iku teles kebes kabeh, paling mari sirat-siratan banyu nang air terjun.
�Iya, nih�pake acara nyelipin kembang di rambut segala. Romantis banget kayak sinetron kejar tayang,� jare Prita.
Angga ambek Anya kisinan, cumak mesam-mesem thok koyok maling konangan nyolong. Moro-moro Boy mencolot nang kali njupuk kembang pisan, ate dikekno Prita karepe.
�Prit, tak taruh di rambutmu ya, kamu pasti cantik,� jare Boy ambek ndeleh kembang, tapi tangane langsung disampluk Prita. Kembange tibo nang kali terus kintir kegowo banyu kali sing bening. Boy meneng ae ambek ndeloki kembang sing kintir iku. Terus de�e ndeloki Prita. Prita cumak ndingkluk ae gak wani ndelok motone Boy.
�Aku tau Prit�,� jare Boy.
�Tau apa, Boy?�
�Polisi itu kan,� jare Boy.
�Kamu sudah tau, Boy?� takok Rita lirih.
�Ya wis�ayo kita kembali ke kemah, pasti sudah ditunggu yang lain,� jare Boy ambek mlayu banter ninggalno arek telu iku.
�Boy!� Prita mbengoki Boy. Raine ketok mbrabak. Tapi Boy wis mlayu adoh ninggalno kabeh.
�Sudahlah�ayo, Prit,� jare Anya ambek ngerangkul Prita mbalik nang kemah.
#Bersambung cok...
|