mbah ku saketi
Khoiri lagi jagongan karo mbah Wagimun.
Wagimun : “Ri, simbahmu iki isih sehat ..nek mbecak nang tanjakan ae simbah jik kuat Ri.” Khoiri : ” Mosok seh mbah? Nopo rahasiane mbah?” Wagimun : ” Nggak onok rahasia2an kok Ri..wong simbah numpak ndik ngarep.. Hekekekeke…” Khoiri : “Asem!! Tak kiro temenan mbah.. Anu mbah .. sesuk hari Pahlawan! .. Simbah nopo biyen nderek berjuang ta ?” Wagimun : “Lho yo mesti tho, Ri. Aku kelingan mbiyen simbah terkenal paling nekad nglawan londo..” Khoiri : “Nekad pripun to mbah?” Wagimun : “Mbiyen simbah wes tau DEWE’AN mlebu markase londo sak batalyon.. Nekad ra?” Khoiri : “Halah paling simbah digebugi entek- entekan to?” Wagimun : “Ealah.. Ngenyek, Koen lek gak percoyo yo gak popo. Koen ngerti gak, gulune wong londo-londo tak PLINTIRI siji siji..” Khoiri : “Wuih edhiaan.. temenan to mbah? Terus ?” Wagimun : “Tangan ambek sikile londo2 tak TARIKI ngiwo nengen sampek podho tulung2..” Khoiri : “Kok hebat temen ta mbah? Terus pripun?” Wagimun: “Gegere londo londo iku tak idek-idek kabeh saking emosiku..” Khoiri : “Wah jebul simbahku mbiyenn preman wani nglawan londo sak batalion hahaha..” Wagimun : “Lho.. Sing preman iku sopo cuk ? Wong simbah iku DIPEKSO MIJETI LONDO SAK BATALION !! Sampek tanganku rasane meh tugel .. nangis aku nek kelingan iku.. :(( https://www.ceriwis.com/img/img.php?...5ohtyfyn16.gif .https://www.ceriwis.com/img/img.php?...smobile_hp.gif Multi Quote Quote |
| All times are GMT +7. The time now is 02:00 AM. |