Log in

View Full Version : Robot Pelayan Restoran diJepang


bakriegroup
27th May 2012, 03:41 PM
selamat pagi agan-agan semua ...



jajal ndagel sitik ah ... menowo do nguyu .... :ngakak:



yuk monggo sedulur kabeh ...... :ngakak:





Seminggu neng Jepang Pakdhe karo Budhe akhire nemu restoran masakan Indonesia. Pelayane Robot. Robot teko nyedaki Pakdhe, trus ngomong:



�What is your nationality?�, robot takon.



�Indonesia� jare Pakdhe.



�Selamat datang�, jare robot nganggo bahasa Indonesia.



�Apa bahasa suku Anda?�, robot takon meneh.



�Jawa�, jare Pakdhe



�Sugeng siang. Badh� pesen nopo?� Jare robot nganggo boso jowo.



"Canggih yo bu?", Pakdhe ngomong karo Budhe.



Budhe : �Ono lotek?�, ibune takon karo robot.



Robot : �Ono.�



Budhe : �Pesen rong porsi.�



Robot: �Porsi gedhe opo cilik?"



Budhe : �Porsi gedhe.�



Robot : �Lomboke piro?�



Budhe : �Sing siji loro, sing siji sepuluh.�



Robot : �Nganggo kangkung?�



Budhe : �Yo.�



Robot : �Nganggo timun?�



Budhe : �Yo.�



Robot : �Nganggo kol?�



Budhe : �Yo.�



Robot : �Nganggo kol jowo opo kol asli Jepang?�



Pakdhe : �Sing endi wae lah manut!�, Pakdhe wiwit rodo nesu.



Robot : �Kacange diuleg opo diblender?�



Pakdhe : �Kuarepmu!�



Robot : �Kacange setengah mateng opo mateng?�



Pakdhe : �Gor�ng sing gariiiiiiing..!!�



Robot : �Nganggo bawang goreng rak?�



Pakdhe : �Nganggo..., asu!� Pakdhe misuh banter banget.



Robot : �Dipiring opo dipincuk?�



Pakdhe : �Dipiring !�



Robot : �Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa?�



Pakdhe : �Jelantah... wedhus!! !� Nesu banget soale wis sepuluh menit dhewe.



Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip kayane lagi diproses. Kiro-kiro telung menitan robot'� ngomong meneh:



Robot : �Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di suguhake...�



Pakdhe : �Nopo? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso nopo to ndes?�, jare Pakdhe emosi.



Robot : �Soale durung ono asune karo wedhuse...�



Pakdhe : �Diancuuuk...Iso edan aku! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene !!!�,

</div>