PDA

View Full Version : Jadi simbah mesti kudu sabar....


BudiPatung
13th April 2016, 08:38 AM
Putu : lagi nopo sampean mbah...?"

Simbah : Nggolek godhong gedhang le.."



Putu : Godhong gedhang gawe opo mbah..."?

Simbah : Gawe bungkus Lontong...

Putu : lontong gawe opo mbah...?

Simbah : Mengko dipangan ambek opor...

Putu : ooo.... sik mengko ,,, lha saiki laopo mbah...?

simbah : nggolek godhong gedhang lee..

Putu : gawe opo mbah...??

simbah : digawe bungkus lontong, khan mau wes tak kandhani lee..!!??

Putu : Lontong digawe opo mbah...?

Simbah : "di pangan mbek opor leee... mosok digawe ganjel lawang...??

Putu : ooo ngoono yo mbah....

Simbah : iyooo....wes kono lungo ojo nganggu aku....!!?/



Putu : o"opo mbah..???

Simbah : Kan aku akeh gawean saiki..!!

Putu : Gaweane opo mbah...??/

Simbah : " Masssyaaa allah... Nggolek godhong gedhaaaang lee...!!!

Putu : Godhong gedhang gawe opo mbah...??

Simbah : Digawe lontoooonggg... ra krungu ta koen..???!!!

Putu : Simbah ngomong ambek sopo too..??

Simbah : Astaqfirullah....ambekkk awakkmuu...thoolee...??

Putu : lha lek mbek aku laopo simbah bengok bengok,..kan aku neng kene wae..

Simbah : Mripatmu merem ta piye...??? soale koen bodho...gak ndelok tah.. aku lagi akeh gawean..

Putu : Gawean opo mbah...?

Simbah ; Dengkulmu anjlog....!!!! nggolek godhong gedhang lee....

Putu : Godhong gedhang gawe opo mbah...????

Simbah ; " Lambemu Juwehh... digawee bungkus lontong lee.....lontong yo dipangan leee....



Putu ; Kan neng omah ono sego mbah...?? o'opo simbah mangan lontong campur godhong gedhang mbah...?

Simbah ; Putuku sing ngganteng iteng tunteng koyok areng .. Koen dolan seng adoh.. lek perlu gak usah bali sak lawase.!!engko simbah bludrenk ke kumat simbah lagi nyambut gawe saiki..



Putu ; Opo'o kok bludreg mbah..? Sakjane simbah nggolek godhong gedhang po bludreg sih mbah..? bludreg kie opo mbah.iso digawe bungkus lontong ta..?

simbah : Ya ammmmmpuunn leeee...guoblok tenan koeenn.. kethirrr...!!!!



Putu ; Kenthir..?? simbah stresss yoo..?

Simbah : iyoo simbah stress ! mumet ndasku ono awakmu nganggu nyambut gawe..?

Putu : lek nyambut gawe golek godhong gedhang nggarai mumet laopo simbah sik tetep nggolek godhong gedhang..?/

Simbah : "wiss wiss gak usah kakean cangkem saiki minggato mulio ae koen...!!!



Putu ; iyoo mbah.. aku muleh.. simbah gk muleh pisan..?

Simbah : gak ,, aku iseh akeh gawean..

Putu ; Gaweanne opo mbah...?

Simbah ; wedussss..!! takok meneh..!!..Nggolek godhong gedhang ..!!!



Putu ; godhong gedhang gawe opo mbah...?

Simbah ; Gawe njejeli lambemu....!!!??



Putu : Lhaa jaree maeng dinggo bungkus lontong mbah...?



Simbah njupuk tali terus kendat.....





hahahahahttp://ceri.ws/smilies/small_ngakak.gif







http://ceri.ws/smilies/small_ngakak.gif http://ceri.ws/smilies/small_ngakak.gif http://ceri.ws/smilies/small_ngakak.gif http://ceri.ws/smilies/small_ngakak.gif http://ceri.ws/smilies/small_ngakak.gif</div></div></div>
Multi Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/56650a6fa2c06e81658b4568/?post=56650a6fa2c06e81658b4569) Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/56650a6fa2c06e81658b4568/?post=56650a6fa2c06e81658b4569)

indah75
28th August 2017, 04:48 AM
Wah wah....terlalu nih putunya.....yang sabar ya mbah.......