Log in

View Full Version : Wong anu Jendral dilawan...!!!


MatSlamet
12th April 2016, 08:40 PM
Jenderal koh dilawan..



Polisi digawe mumet soale kudu misah wong numpak motor karo wong numpak mobil sing lagi padu nang prapatan jalan Jendral A Yani sing simpangan karo jalan Kolonel Sugiono. Wong loro kue ora peduli nang tengah2 prapatan pd padu ngantik gawe macet prapatan. Polisi sing ndeleng wong padu ngantik arep jotos2an langsung nggawa wong loro mau meng pinggir dalan karo langsung takon masalahe kepriwe.



Pengendara mobil alias hergun: wong kie ora ngerti aturan Pak, masa nyong arep mbelok malah ditabrak..!!



Pengendara motor alias cokro: Loh.., kae sing salah pak, nyong wes ngriting, tapi wong kue ra gelem ngalah.!



Polisi : Uwis.. Uwis..!! !, nek aku ngrungokna cerita sekang koe pada, mesti ora ana sing gelem ngalah. Kaya kie bae, aku tak takon saksi.



Pengendara mobil alias hergun : Oke…



Pengendara motor alias cokro : Oke, emange nyong wedi.!



Polisi : Menurute koe, sapa sing salah?



Saksi alias kontheng : aku miki ngerti motore sing arep metu sekang jalan Kolonel Sugiono wis ngewehi riting, tp mobile sing sekang jalan Jendral A Yani malah banter bgt dadine tabrakan.



Pengendara mobil alias hergun: Pak Polisi, kudune Bapak2 sing numpak motor sekang Jalan Kolonel Sugiono kue tahu diri. Kan nyong metune sekang jalan Jendral A Yani, kudune kae sing ngalah. Masa Jendral kudu ngalah karo Kolonel...!!!



Polisi : pancen stres koe, drng ngising yah? ayuh melu aku meng kantor polisi...=;(.http://s.kaskus.id/images/apps/kaskusmobile_hp.gif
Multi Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/55b0caa6642eb6d36c8b456e/?post=55b0caa6642eb6d36c8b456f) Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/55b0caa6642eb6d36c8b456e/?post=55b0caa6642eb6d36c8b456f)