Log in

View Full Version : Zodiak Versi Jowo Paling Gress 2013!!!


DorongLAgi
12th April 2016, 08:25 PM
By Mbah AdoH

1. VIRGO :

Penggawean singcocok: dodhol blewah karo jengkol. Keuangan: dedel duwel. Asmara: mbok yo golek sing rodho genah lan waras.

2. AKUWARIYUS :

Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek. Keuangan: nyilah-nyilih tonggo. Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo.

3. PISKES :

Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon. Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel. Asmara: jare morotuwo: "aku golek mantu tp gak koyok raimu !!"

4. ARIYES :

Penggawean sing cocok: angon wedhus, mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: upgrade-en disik dapuranmu, dapurmu rak maleh2 kawit mbiyen.

5. TAWURUS :

Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus, dodhol klepon. Keuangan: kapusan konco dewe.Njaluk diruwat. Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane.

6. GEMINI :

Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan mertuwo. Asmara: gak jelas sir2ane lanangopo wedok.

7. KANSER :

Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, arep bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.

8. LEYO :

Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster. Keuangan: mbrebet. Asmara: ati2 bakal kepelet bintang film kartun.

9. LIBERA :

Penggawean sing cocok: ngorek2 larahan nek gak dadi tukang golek beling. Keuangan: gak enthos golek duwik. Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang.

10. SEKORPIO :

Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo. Keuangan: podo mlarate, dikuras copet. Asmara: duwe sir2an engkrik-engkrik *'en.

11. SAGITARIYUS :

Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto. Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo. Asmara: ditempilingi ae karo bojomu.

12. KAPRIKORN :

Penggawean sing cocok: Dagangkrupuk upil. Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih! Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding rambut kelek, ajuuur mumur... :D</div></div></div>http://s.kaskus.id/images/apps/kaskusmobile_hp.gif
Multi Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/5102e30c0a75b4726d000008/?post=5102e30c0a75b4726d000009) Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/5102e30c0a75b4726d000008/?post=5102e30c0a75b4726d000009)