Log in

View Full Version : [ngapak Maryon] LDR versi siMaryon


Asteroids
12th April 2016, 07:25 PM
Siki nyong arep mbahas LDR. LDR : Lara Dewek Rasakna!



Ya ya, LDR kuwe Long Distance Relationship, nek bahasa Indonesiane Pacaran Karo Meteran. #loh



Pacaran adoh-adohan kuwe sing jenenge LDR.

(biasane ceriwisser ki podo LDR pora yo?)



LDR kuwe akeh sebabe, umume sih merga pacare seklohah/kuliah/umah meng luar kota dadine adoh-adohan. Sing melasi kuwe nek LDR merga pancen pacarane ora tau ketemu. Ketemune neng chatingan, smsan, bbman trus dadian. Padahal asline kaya ngapa ora ngerti. Jebule pada lanange / pada wadone ya ora ngerti. Gelem bae di lomboni foto. Melasi yah..



LDR kuwe jane menang status ketimbang jomblo. Olih predikat pacaran. Bar kuwe wisuda dadi mantan.

LDR kuwe pacaran rasa jomblo.

LDR kuwe status pacaran sing asline atine kesepian.

LDR kuwe kaya jurusan bis, antar kota antar propinsi.

LDR kuwe kaya Olympiade, antar negara.

LDR kuwe kaya lomba kenthongan, antar Kecamatan antar Kabupaten.

LDR kuwe adoh neng mata, boros neng pulsa.





Nek di pikir-pikir sih mubah pacaran adoh-adohan. Nyekel tangane ora bisa, ambung-ambungan ora bisa. Paling ambung-ambungan karo hape. Lambene ndower nganti kepanasen nempel neng hape.

Nek malem minggu, ora beda adoh karo jomblo. Mlongo neng ngumah, mbayangna rupane pacare lagi ngapa, jebule lagi selingkuh. Jajal sapa sing bisa ngerti, lagi smsan karo kowe, jebule neng kana pacarmu lagi mesra-mesraan karo wong lia. NAH!. #racunMaryon #kaskusRICUH



Trus nek lagi ribut, paling bisane ngomel-ngomel neng telepon. Arep ndupak apa ngeplak ora bisa. Paling hapene di banting, bar kuwe nangis ora teyeng tuku hape maning merga hapene bodol njuk njebluk. http://s.kaskus.id/images/smilies/smilies_fb5ly1itttkb.gif

LDR kuwe gawe bimbang masalah kepastian. Pacaran adoh-adohan arep tekan kapan? Ngenteni bada kethek??





Tek wei tips nggo nglakoni LDR:

1. Kudu bisa ngatur wektu ketemu

3. Kudu duwe pulsa

4. Kudu duwe duit

4. Kudu setia

5. Kudu saling percaya

Sing paling penting, KUDU GELEM.



Mandan ribet yah nek LDR? Pancen.

LDR kuwe sangar tapi melasi. Statuse duwe pacar, tapi seringe mangan ati. #wareg http://ceri.ws/smilies/c-muntah.gif



Nek bisa sih, pacaran ya aja adoh-adohan. Apa sing perek ora ana? Apa merga sing perek ora ana sing gelem yah? Dadine se anane. Ananae pacar neng kana ya kepriwe maning kudu di terima.



Tapi mending yah ketimbang jomblo, sing adoh ya ora ana sing gelem, sing perek apamaning.. #lewihMelasi





Tapi kabeh mau ya sekarepmu, arep LDR, arep pacaran, arep jomblo taunan apa arep ngapa ya sekarepmu..

Inyong gur ngomong kuwi faktane tentang LDR menurut nyong, piye nek menurutmu? tak tunggu nang komeng ya



Ojo lali ijo ijone lik! http://s.kaskus.id/images/smilies/smilies_fb5ox6pblpkt.gif Nang cilacap langka sih, dadi inyong jaluk http://s.kaskus.id/images/smilies/smilies_fb5ox6pblpkt.gifhttp://s.kaskus.id/images/smilies/smilies_fb5ox6pblpkt.gifhttp://s.kaskus.id/images/smilies/smilies_fb5ox6pblpkt.gif

Diguyu keno, ning ojo di keplak nggo boto. nganthi koyo ngunu tak tempiling rika..



Bintang limone ojo lali yo lik..

Ki bloge nyong >>

SiMaryon Blog (http://www.kaskus.co.id/redirect?url=http%3A%2F%2Fwww.simaryon.blogspot.co m)



Matur Nuwun



Maryon</div></div></div>
Multi Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/5478e216620881fc1c8b456d/?post=5478e216620881fc1c8b456e) Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/5478e216620881fc1c8b456d/?post=5478e216620881fc1c8b456e)