Log in

View Full Version : Zodiak JOWO" Gress Kanggo 2013


JagoNyinyir
11th April 2016, 05:49 PM
1. PIRGO

Penggaweyan sing cocok: dodol blewah karo jengkol. Keuangan: dhedhel dhuwel. Asmara: mbok yo goleko sing rodo genah lan waras.



2. AKUWARIYUS

Penggaweyan sing cocok: dodol ondho karo gedhek. Keuangan: bola-bali nyilah-nyilih tonggo. Asmara: sedelo maneh jomblo, dipegat karo calon morotuwo.



3. PISES

Penggaweyan sing cocok: mikul banyu, mangkal ojeg neng protelon. Keuangan: thongpes, kanthong kempes. Asmara: morotuwo arep golek mantu nanging sing ora koyo dapurmu.



4. ARIYES

Penggaweyan sing cocok: angon wedhus, mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: rai gedhek.



5. TAWURUS

Penggaweyan sing cocok: ngarit suket kanggo pakan wedhus. Keuangan: kapusan karo konco dhewe. Asmara: gak payu2, kudu ganti dukun pelet.



6. GEMINI

Penggaweyan sing cocok: dodol klepon, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan morotuwo. Asmara: gak jelas sing di-sir lanang opo wedok.



7. KANSER

Penggaweyan sing cocok: macul, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, wis meh bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, kudu diruwat.



8. LEYO

Penggaweyan sing cocok: dodol suket karo dodolan daster. Keuangan: mbrebet. Asmara: ati2 iso kepelet bintang pilem kartun.



9. LIBERA

Penggaweyan sing cocok: gosek larahan utowo dadi tukang golek beling. Keuangan: gak iso entuk dhuwit. Asmara: sir2ane mlebu RSJ



10. SEKORPIYO

Penggaweyan sing cocok: ngelapi gendheng. Keuangan: mlarate mergo dikuras copet. Asmara: sir2ane mriang terus ra mari2



11. SAGITARIYUS

Penggaweyan sing cocok: ngresiki kakus, nyopir becak. Keuangan: bangkrut mergo dijaluki karo morotuwo. Asmara: yen duwe bojo ngidam kumise tonggone



12. KAPERIKOREN

Penggaweyan sing cocok: dodol krupuk. Keuangan: nguwatirno, kekerepen ditagih utang! Asmara: pacare lungo mlayu karo tukang njupuki sampah</div></div></div>http://s.kaskus.id/images/apps/4f334ea9de33f61b0d000001.png
Multi Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/50edf0c8db9248f508000000/?post=50edf0c8db9248f508000001) Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/50edf0c8db9248f508000000/?post=50edf0c8db9248f508000001)