PDA

View Full Version : numpak becak....naik becak


JakartaBanjirs
11th April 2016, 05:26 PM
MBAH DAGDO NUMPAK BECAK

(joke bahasa jawa)




Ceritane mbah Dagdo bar blonjo neng pasar Beringharjo, mulihe pengin numpak becak, nyang2an karo tukang becak'e.

-SI MBAH: "Pak, 5.000,- purun nggih ?"

-TUKANG BECAK : "Oh dereng saget, 10.000 mawon mbah".

-SI MBAH : "Emoh ah, 5.000 wae to...!!! Mengko ta duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yoo..."

-TUKANG BECAK : "Mboten saget,mbah... Nek 10.000 nggih kulo purun.."



Mangkel mergo tukang becak'e ra gelem ngeduk'ke rego, akhir'e si mbah Dagdo ngalah, karo munggah lungguh becak,

-SI MBAH ngedumel : "Nggih pun, tak bayar 10.000...!!!"



Pas neng dalan..

-TUKANG BECAK : "Mandap pundhi mbah...?????"

-SI MBAH : (Meneng wae...)



-TUKANG BECAK : "Lha niki mandap pundi mbah..???"

-SI MBAH : "Kan wes tak omongi dek mau...Nek 5.000 mengko ta duduhi dalane...Ning nek 10.000 yo ora tak kandani omahku ngendi, GOLEKONO DEWE...!!!"..http://s.kaskus.id/images/apps/510777a9b62acfb0720001d6.png
Multi Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/5436afa25a516314368b456c/?post=5436afa25a516314368b456d) Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/5436afa25a516314368b456c/?post=5436afa25a516314368b456d)