Log in

View Full Version : mbah ku saketi


LawakBanget
11th April 2016, 12:46 PM
Khoiri lagi jagongan karo mbah Wagimun.

Wagimun : “Ri, simbahmu iki isih sehat ..nek

mbecak nang tanjakan ae simbah jik kuat Ri.”

Khoiri : ” Mosok seh mbah? Nopo rahasiane

mbah?”

Wagimun : ” Nggak onok rahasia2an kok

Ri..wong simbah numpak ndik ngarep..

Hekekekeke…”

Khoiri : “Asem!! Tak kiro temenan mbah.. Anu

mbah .. sesuk hari Pahlawan! .. Simbah nopo

biyen nderek berjuang ta ?”

Wagimun : “Lho yo mesti tho, Ri. Aku kelingan

mbiyen simbah terkenal paling nekad nglawan

londo..”

Khoiri : “Nekad pripun to mbah?”

Wagimun : “Mbiyen simbah wes tau DEWE’AN

mlebu markase londo sak batalyon.. Nekad ra?”

Khoiri : “Halah paling simbah digebugi entek-

entekan to?”

Wagimun : “Ealah.. Ngenyek, Koen lek gak

percoyo yo gak popo. Koen ngerti gak, gulune

wong londo-londo tak PLINTIRI siji siji..”

Khoiri : “Wuih edhiaan.. temenan to mbah?

Terus ?”

Wagimun : “Tangan ambek sikile londo2 tak

TARIKI ngiwo nengen sampek podho tulung2..”

Khoiri : “Kok hebat temen ta mbah? Terus

pripun?”

Wagimun: “Gegere londo londo iku tak idek-idek

kabeh saking emosiku..”

Khoiri : “Wah jebul simbahku mbiyenn preman

wani nglawan londo sak batalion hahaha..”

Wagimun : “Lho.. Sing preman iku sopo cuk ?

Wong simbah iku DIPEKSO MIJETI LONDO SAK

BATALION !!

Sampek tanganku rasane meh tugel .. nangis

aku nek kelingan iku.. :(( https://www.ceriwis.com/img/img.php?src=http://s.kaskus.id/images/smilies/smilies_fb5ohtyfyn16.gif




.https://www.ceriwis.com/img/img.php?src=http://s.kaskus.id/images/apps/kaskusmobile_hp.gif
Multi Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/543aef16925233654a8b4569/?post=543aef16925233654a8b456a) Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/543aef16925233654a8b4569/?post=543aef16925233654a8b456a)