PDA

View Full Version : #suroboyoon humor jowoan kocak, paimo part#10


LawakBanget
11th April 2016, 12:41 PM
Ceritane waktu iku Paimo lagi dikongkon Emak'e

tuku iwak nang pasar Keputran !



*nang pasar*

+ Paimo : paklekkk ! *karo mbengok nang

sebelah kupinge seng dodol*



- Bakul : JANCOK your mouth broken gak usah

bengak-bengok koyok asu keleleken balong,

masio ngene aku wes krungu COK ! *emosi*



+ Paimo : sepurane lek, aku katene tumbas kok ?



- Bakul : tuku opo seh emange ?



+ Paimo : lah sampean dodolan opo loh paklek?



- Bakul : dodol iwak !



+ Paimo : lah wes ngerti dodol iwak ngunu kok

atek takok aku tuku opo, yo pastine tuku iwak

paklek! *ngomong karo idune muncrat kabeh*



- Bakul : *cegek* wes gak usah kakean cangkem,

emange koen katene tuku iwak opo ?



+ Paimo : aku tumbas iwak "nduknduk" paklek!



- Bakul : iwak opo iku COK, gak onok blok!



paimo : lah iki, ono ngene paklek ? *nuding iwak

lele*



- Bakul : your eyes ripped, iku iwak "lele" guduk

iwak "nduknduk" COK ! *emosi maneh*



+ Paimo : lek iwak "lele" iku gawe arek lanang

paklek... lah iki seng ngongkon tuku Emakku

wedok paklek, dadine yo iwak "nduknduk" !



- Bakul : *mbatin* JANCOK Gatelisasi, iki kiro-

kiro seng longor arek iki opo aku seh COK ?



* muntap langsung ndelep-ndelepno ndase

Paimo nang ember seng isine iwak lele thok*.https://www.ceriwis.com/img/img.php?src=http://s.kaskus.id/images/apps/510777a9b62acfb0720001d6.png
Multi Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/52c6ec0b1acb1738208b465a/?post=52c6ec0b1acb1738208b465b) Quote (https://www.ceriwis.com/post_reply/52c6ec0b1acb1738208b465a/?post=52c6ec0b1acb1738208b465b)