PDA

View Full Version : Joke ala Surabaya/Guyonan ala Suroboyonan


andrestinky
8th June 2012, 09:18 PM
Pas sore ono bapak lagi jagongan mbi anak'e..



Pak Kacong : "Le.. Edi.. Tulung pak'e tukokno minuman sing anyes ning warung yo.."



Gemblung : "coca-cola opo seprit,pak?"



Pak Kacong : "Coca-cola wae.."



Gemblung : "Sing kalengan opo botolan ?"



Pak Kacong : "Botolan.."



Gemblung : "Sing botol gede opo sing cilik?"



Pak Kacong : "Ooo cah Asuui !! Wis tukokno banyu wae!!"



Gemblung : "Aqua opo banyu biasa ?"



Pak Kacong : "AQUA, cuk!!!!"



Gemblung : "Panas opo sing anyep?"



Pak Kacong :" SAPU NDI SAPU,TAK GEPUK'E NDASE BOCAH KI..??!!!"



Gemblung : "Sapu biting opo sapu duk??"



Pak Kacong : "Oalaahhh...Kewan tenan kowe ki pancen'e!!"



Gemblung : "Wedus opo Kebo?"



Pak Kacong : "WEDUUSSS,Gookk!!!"



Gemblung : "Wedus Cempe opo Bandot??"



Pak Kacong : "Setan kowe!!!!"



Gemblung : "pocongkan opo Gendruwo?"



Pak Kacong: "Mbuh lah, kono minggat wae lah!!"



Gemblung : "Saiki opo sesuk?"



Pak Kacong: "Saiki, dobol!!"



Gemblung : "Bapak melu opo ora??"



Pak Kacong : "Asli..suwe2 Tak pateni temenan bocah iki !!"



Gemblung : "Ditusuk nganggo peso apa ditembak nganggo pistul??"



Pak Kacong :"Tak tembak !!!"



Gemblung : "Ndase opo wetenge??"



*Pak Kacong sekarat kejet2 langsung struk stadium pitulas* http://ceri.ws/smilies/small_capedech.gifhttp://ceri.ws/smilies/small_capedech.gifhttp://ceri.ws/smilies/small_capedech.gif



note : hanya joke, sama sekali tidak ada unsur SARA....http://static.kaskus.co.id/images/smilies/iloveindonesias.gif

</div>